Sabtu, 08 Februari 2020

Urip Bebrayan

     Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose Serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

     Gambuh

Samengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kono lamun tinemu
tandha nugrahaning Manon

√ Pupuh Gambuh ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Sapada tembang Gambuh nduwur iki kawiwitan saka tembung Samengko tekan tembung Manon.

√ Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang Gambuh ana 5.

√ Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Gambuh yaiku u, u, i, u, o.

√ Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Gambuh yaiku 7, 10, 12, 8, 8.

√ Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

B. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Gambuh lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Gambuh

Kelak saya bertutur, 
empat macam sembah supaya
dilestarikan,
pertama : raga, kedua : sembah
cipta, ketiga : sembah jiwa, dan
keempat : sembah rasa, anakku,
disitulah akan bertemu dengan
pertanda anugrah Tuhan.

Pada iki mung salah siji saka 35 pada ing Gambuh Serat Wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa ditemokake tuntunaning urip, upamane :

√ Manungsa kudu nyembah Gusti kang maha kuwasa

√ Sembah marang Gusti kang maha kuwasa ana patang werna yaiku sembah raga, cipta, jiwa lan rasa.

√ Manungsa yen wis nglakoni patang sembah iku mau, bakale entuk anugrah saka gusti kang maha kuwasa.

C. Mbedah perangane Serat Wedhatama pupuh Gambuh

     Kaya kang diandharake ing ndhuwur, tembang Gambuh iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe pitung gatra. Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku, tegese dudu tembang Gambuh. Jlentrehe kaya ing ngisor iki.

Sa/meng/ko ing/sun tu/tur  (7u)
sem/bah ca/tur su/pa/ya lu/mun/tur  (10u)
di/hin ra/ga, cip/ta, ji/wa, ra/sa, ka/ki (12i)
ing ko/no la/mun ti/ne/mu (8u)
tan/dha nu/gra/ha/ning Ma/non  (89)

D. Nulis cakepan tembang Gambuh

     Nulis tembang macapat, kalebu tembang Gambuh iku kudu manut aturan kang gumathok. Supaya bisa nulis cakepan tembang nacapat (Gambuh), wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembung utawa ngowahe papane tembung.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA





Njaga Tentreming Urip Bebrayan

     Tembung novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine.

A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane

     Kaya crita rekan liyane, crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup :
- underane prekara (tema)
- paraga (tokoh)
- watake paraga (penokohan)
- lakune crita (alur/plot)
- kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view)
- kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting)
- wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat)

     Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata : sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita : alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Debe amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntunan kang ana jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

     Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajab bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggale.

C. Nulis sinopsis novel nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan aturan

     Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis novel gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan

     Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA


Kamis, 06 Februari 2020

Ngelestarekake kabudayan

     Serat wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegara IV kajaba ngemot Pupuh Pangkur lan Pupuh uga ngemot pupuh Pocung. Pupuh Pocung mujudake pupuh kang kaping telu, isine 15 pada.

A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh Pocung lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

Pocung
Ngelmu iku, kelakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pangesere dur angkara,

√ Pupuh Pocung ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 15 pada (bait), wiwit saka tembung 'Ngelmu iku....' tekan tembung 'angkara'.
√ Guru gatrane saben sapada tembang Pocung ana 4.
√ Guru lagune tembang Pocung yaiku u, a, i, a.
√ Guru wilangane tembang Pocung yaiku 12, 6, 8, 12.
√ Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pocung, biasane ditulis 12u, 6a, 8i, 12a.

B. Nemtokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Pocung lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Pocung
Ilmu itu, dapat tercapai melalui usaha,
Diawali dengan kas
Arti kas memberi daya
Setia pada budaya untuk
menumpas angkara murka.

     Pada iki mung salah siji saka 15 Pada ing pupuh Pocung Serat Wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip, upamane :

√ Manungsa kudu duwe ngilmu kanthi cara ngudi/ usaha.
√ Anggone usaha diwiwiti kanthi kas.
√ Kang dikarepake kas yaiku ana daya kang njalari kuwat lan santosa.
√ Santosa kanthi setya marang budaya kanggo mbentengi tuwuh lan wekare patrap angkara murka.

C. Mbedhah perangane Serat Wedhatama pupuh Pocung

     Kaya kang diandharake ing ngarep, tembang Pocung iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe patang gatra. Wiwit gatra sepisan nganti gatra kapat kabeh ana aturane. Aturane iku bisa dienggo gondhelan nalika ngarang tembang Pocung. Menawa ngarang tembang Pocung ora manut marang aturane iku, tegese dadine dudu tembang Pocung. Jlentrehe guru wilangan lan guru lagune tembang Pocung kaya ing ngisor iki.

Ngel/mu/i/ku/ka/la/ko/ne/kan/thi/la/ku/ (12u)
Le/kas/e/la/wan/kas/  (6a)
Te/ges/e/kas/nyan/to/sa/ni/  (8i)
Se/tya/bu/dya/pa/nge/kes/e/dur/ang/ka/ra/  (12a)

D. Nulis cakepan tembang Pocung

     Nulis tembang Pocung iku kudu manut aturan kang gumathok kang disebutake ing dhuwur mau. Aturan kang gumathok iku guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Supaya bisa nulis cakepan tembang Pocung, wiwitana kanthi gawe ukara bebas ! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge, mbuwang tembung-tembung kang ora pati penting, utawa ngijolake papane tembung (aliterasi). Cara-cara iku upamane : purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lan sapanunggale.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Urip Bebrayan

     Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya ,...