Sabtu, 18 Januari 2020

Ajining patuladhan

     Serat Tripama iku anggite Sri Mangkunegara IV Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung "serat" tegese tulisan utawa karya, "tripama" tegese tiga tamsil utawa tiga teladan. Serat Tripama nyaritakake watake :
1. Kumbakarna, raseksa awatak satria sing ora gelem mbela kangmase, Dasamuka, Raja Ngalengka sing angkara murka. Kumbakarna netepi "tekad satria" ngurbanake jiwa raga kanggo mbela negarane sing diserang mungsuh.

2. Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda ing negara Maespati sing kondhang kekendelane lan bisa ngrampungake jejibahan sing abot kanthi tanggung jawab.

3. Suryaputera utawa Karna ing Ngawangga sing netepi janji kanthi sumpah satria kanggo mbales budi Prabu Kurupati, raja ing Astina kanthi ngurbanake jiwa mungsuh Arjuna, adhine nunggal ibu.

     Watak kasebut arupa tembang macapat Shandhanggula 7 pada. Serat kasebut dijupuk saka crita pewayangan Ramayana lan Mahabrata.

A. Maca lan nanggapi teks serat tripama pupuh Dhandhanggula lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

Dhandhanggula

Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang denantepi,
nuhoni trah utama.

√ Pupuh Dhandhanggula ing Serat Tripama ngemot tembang cacahe 17 pada (bait). Sapada tembang Dhandhanggula ing dhuwur iki kawiwitan saka tembung yogyanira tekan tembung utama.

√ Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang Dhandhanggula ana 10.

√ Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Dhandhanggula yaiku i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.

√ Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Dhandhanggula yaiku 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.

√ Guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.

B. Nemokake tuntunan ing Serat Tripama pupuh Dhandhangula lan njumbuhake karo kahanane bebrayan


Dhandhanggula

Seyogyanya para prajurit, 
kalau bisa semuanya meniru,
seperti cerita pada masa dahulu,
(tentang) andalan Sang Prabu,
(raja) Sasrabau di Negara Maespati,
bernama Patih Suwanda,
jasa-jasanya,
yang dupadukan dalam tiga hal,
(yaitu) kepandaian, kekayaan, dan kemauan (keberanian) itulah yang ditekuni,
menepati keturunan (sifat) orang baik (utama).

     Pada iki mung salah siji saka 7 pada ing pupuh Dhandhanggula Swrat Tripama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa ditemokake tuntunan ing urip, upamane :

√ Prajurit nuladhani Patih Suwanda.

√ Watak sing kudu diduweni prajurit yaiku pinter, wani, lan sipat utama (apik).

C. Mbedhah perangane Serat Tripama pupuh Dhadhanggula

     Kaya kang diandharake ing dhuwur, tembang Dhandhanggula iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe 10 gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane. Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iki, tegese dudu tembang Dhandhanggula.
Jlentrehe kaya ing ngisor iki :

yog/ya/ni/ra/kang/pa/ra/pra/ju/rit/ = 10i
la/mun/bi/sa/sa/mya/a/nu/la/dha/ = 10a
ka/dya/ngu/ni/ca/ri/ta/ne = 8e
an/del/i/ra/sang/Pra/bu/ = 7u
Sa/sra/ba/u/ing/Ma/es/pa/ti/ = 9i
a/ran/Pa/tih/Su/wan/da/ = 7a
la/la/bu/ha/ni/pun/ = 6u
kang/gi/ne/lung/tri/pra/ka/ra/ = 8a
gu/na/ka/ya/pu/run/e/kang/den/an/te/pi/ = 12u
nu/ho/ni/trah/u/ta/ma// = 7a

D. Nulis cakepan tembang Dhandhanggula

     Nulis tembang macapat, kalebu tembang Dhandhanggula iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat (Dhandhanggula), wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahi papane tembung. Cara-cara iku kayata : purwakanthi swara, purwankanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lan sapanunggale.


Sumber : Gegara Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

2 komentar:

Urip Bebrayan

     Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya ,...