Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung "serat" tegese tulisan/karya, "wedha" tegese wulangan/tuntunan, dene "tama" duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.
A. Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh Pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan
Pangkur
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.
√ Pupuh Pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung "mingkar" tekan tembung "aji".
√ Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang Pangkur ana 7.
√ Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukonwulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Pangkur, yaiku a, i, u, a, u, a, i.
√ Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangan tembang Pangkur, yaiku 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
√ Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.
B. Mbedah perangane serat Wedhatama pupuh Pangkur
Kaya kang diandharake ing nduwur, tembang Pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe pitung gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane. Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku, tegese dudu tembang Pangku. Jlentrehe kaya ngisor iki.
Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/ = 8a
A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/ = 11u
Si/na/wung/res/mi/ning/ki/dung/ = 8u
Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/ = 7a
Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/il/mu/lu/hung/ = 12u
Kang/ tum/rap/ing/ta/nah/Ja/wa/ = 8a
A/ga/ma/a/gem/ing/a/ji// = 8i
C. Nulis cakepan tembang Pangkur
Nulis tembang macapat, klebu tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat (Pangkur), wiwitana kanthi gawe ukara bebas. Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahe papane tembung . Cara-cara iku kayata : purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lan sapanunggale.
Sumber : gegaran nyinau bahasa jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA
Suwun, infonya bermanfaat
BalasHapusNice n good job👍🏻
BalasHapusApik apik
BalasHapusSiip
BalasHapusPenjabaran materipun sae /jelas sanget
BalasHapusAbsolutely, lieur aing mah....
BalasHapusBagus 👍
BalasHapusTerimakasih, sangat membantu👍
BalasHapusNice 👌
BalasHapusBaguss
BalasHapus👍👍
BalasHapusNice 👌
BalasHapusMatur suwun materine. Sangat membantu
BalasHapusBaguss ,sangat membantu
BalasHapusSiipp👍
BalasHapusTambah materinya lg ya. Bermanfaat👌
BalasHapusBagus,saya bisa tambah materi ini yg tau.nya itu² aja sekarang tau tentang pembahasan yg lain.
BalasHapusBagus
BalasHapusBermanfaat
BalasHapusSippdahh
BalasHapus